GEGURITAN AKROSTIK

Basa Krama
Dening Eko  Raharjo


Basa kang adab
Agawe adheme ati
Sasat bisa ngluruhke duka
Ambagusi basa iku wajib!

Kadang lan sanak mratela ing pakurmatan
Rinengganing basa tansah dijaga
Adhi marang kakang abasa krama
Mas apa dene rama tansah ngendika aris ngokone
Apa sliramu kaya mangkono?
                                                                        Surabaya, 2 Desember 2017

 Ayo Ngguyu
Dening Eko Raharjo

awan iki panase nyuled sirah
Yen dipindhaake kaya mangkono
Ora krasa kringet nelesi kelek
Ndilalah ana kucing kerah karo pitik
Gereng-gereng rebutan upa
gegere sampek keprungi saka walike bumi
udur-uduran wiwit bang wetan mlethek tekan surup
ya nyucuk ya nyakar
ucap padune kaya wong lagi rebutan kursi
                                                                        Bumi Kemesun, 4 Desember 2017

 Sinau Rek
 Dening : Eko

Satengahing langit kang peteng lelimengan
Igul-igul mosike lintang katon sumunar
nengsemake atine wong kang lagi jumangkah
agawe panjurung kareben mlayu sipat kuping
Unggul kang diajab

rehning Gusti Pengeran sugih
eman menawa ora nyenyuwun
karo maneh Panjenengane remen kawula kang temen
                                                                        Surabaya, 4 Desember 2017

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GATHUTKACA LAIR