roni si jago drag
Roni
Si Jago Drag
Dening Eko Raharjo
Ora ana wong sing bisa
ngandheg lakune Roni. Sadalan-dalan, mung mamerake swara knalpote sing bantere
ngalahake swarane gludhug. Dhuer...dhuer.... sirahe gela-gelo, sinambi
ngrungokake lagune S.I.D. (Superman Is Dead) karo ngudut Marlboro. Ujare ing
ati, “Iki uripku, arep nyapo wae rak urusanku dhewe!”. Sakeplasan, sepedha
motor khusus drag bike Roni dadi tontonan wong sing diliwati.
Durung kapok. Babar pisan dheweke ora kepengin mareni tumindake sing wis meh
mbandhang nyawane. Ceritane nalika isih SMA kelas loro, amarga dheweke dipedhot
saka yayange, saben wengi penggaweyane mung turut dalan pinggiran kutha
Surabaya nganti tekan pantai Kenjeran. Ing kono ana sawijining padatan sing
aneh miturut Roni. Padatan sing bisa njubulake adrenalin, yaiku
kanthi cara adu sepedha motor, kanthi sebutan “drag bike”. Mungguhe bocah
enom saiki, tembung iki ora aneh nanging yen mungguhe para sesepuh utawa wong
sing wis umur watara patang puluh munggah kalebu tetembungan sing aneh. Awit
jaman samangsa enome ora usum dolanan modhel kaya ngene iki. Sakjane drag
bike dudu dolanan kaya dene bocah cilik sing sok seneng nyekeli miniatur
sepedha motor utawa mobil ngono kae, nanging luwih bisa menehi pambiji sing
luwih. Awit samangsa njoki sepedhahe, getih sing sadurunge ngempel ing uteg
krasa ambyar, panas lan menegangkan. Wekasane yen wis ngincipi asiling
totohan mesthi ketagihan.
Saben wengi grombolan bocah enom-enom padha nglumpuk sapinggire pantai kenjeran
mesthi nggawa sepedhah montor sing mentas dimodifikasi bengkele dhewe-dhewe.
Saklebatan ana wangun sepedhah sing kaya tengkorak, tanpa body lan tanpa
slebor. Waton wesi lan waja kang nemplek, nanging yen diselah gase bisa agawe
bungahe sing nduweni.
Nuju jam rolas wengi, saka kadohan ana komunitas Vega royong-royong teka ing
kono.
“Ron, piye kae ana mungsuh anyar,” ujare Wahyu.
“Masiya sing rene iki bocah sing kondhang kaya apa, aku ora wedi. Sapa sing
bisa ngalahake sepedhaku iki,” jawabe Roni.
Roni lan sakbalane mapag tekane grombolan mau. Kanthi markir utawa njagang
sepedhahe ing tengah dalan, saprelu ngendheg lakune grombolan mau. Angkahe
nantang salah siji jago balape komunitas mau.
“Alon-alon mas, mandheg dhisik. Yen pengin liwat dalan kene, kudu pamit aku.
Sebab saiki sing nyekel dhaerah kene iki aku,” sumbare Roni.
Keprungu sumbare Roni kaya mangkono, salah sijine anggota komunitas mau mudhun
nuli mangsuli sumbare Roni.
“Iki ta sing jenenge Roni jago
balap kae, ck ck ck. Ketoke sing diomongne wong-wong iki salah,” sumbare Parto,
salah sijine anggota komunitas sing diandel-andelne jagoan nge-drag.
“Mas, ngertiya... sampeyan wani mrene iki brarti wis wani kawirangan. Aku ing
kene iki wis suwe mas. Durung ana sing isa ngalahke playune sepedhahku iki.”
Cekake crita Roni lan Parto padha-padha nyaguhi adu balap sepedhah. Kahanan ing
kono sansaya rame. Saweneh ana sing masang totohan. Ora thithik totohane,
kepara nganti rong puluh yuta. Wekasane petung, totohan sing nglumpuk jangkep
telung puluh yuta.
Saben pawongan sing nyawang ing kono katon padha ora sabar ngenteni playune
sepedhah loro mau. Saupama Parto kalah, wis cetha pamore Roni tansaya
dhuwur. Nanging yen Roni sing kalah, ajaa Roni dhewe sing wirang, para
kanca-kancane bakal melu wirang. Nanging yaiku anane urip, ana sing menang uga
ana sing kalah. Awit isen-isene donya iki mung loro. Yen ana apik mesthi ana
sing elek, lha yen ana sing menang berarti ana sing kalah, lan sapanunggalane.
Lakune Roni iki bisa diarani ala uga bisa diarani ora bener mungguh wong
tuwane. Awit penggaweyan wong tuwane Roni dudu kalebu wong dudu kalebu
panggaweyan sing bisa dijagakake asile kaya dene pegawai negri. Dudu kaluwarga
sing sugih mblegedhu, mung wae amarga saka asiling adol klambi ing pasar ora
tau sepi saka pelanggan mula blak kotang cukup kanggo nyukupi sabendinane.
Sanadyan bisnise wong tuwane Roni iku lancar, nanging sing jenenge rejeki
iku ora mesthi langgeng bathine. Ana kalane kabutuhane sabendina iku
ngluwihi saka olehe dodolan. Durung maneh, saupama Roni kecelakaan apa dene
ndandani sepedhahe.
“Ron sidane awakmu nganggo sepedhah apa?” takone Cak Man.
“Ya wis sepedhah iki ae Cak,” saute Roni mangsuli pitakonane Cak Man,
Kepala bengkel “Cak Man Racing” sing mapan ing Sidoarjo.
“Yen awakmu nggugu omonganku, takkandhani ya Ron,”
“Ya cak,”
“Jupitermu iki isa dadi sepedhah sing nduweni kaluwihan yen dimodif
entek-entekan. Tapi apa awakmu duwe wragad nggo mbayari sakabehane?” ujare Cak
Man ngantebi niyate si Roni.
“Cak, wis ta. Enteke pira engko petung mburi wae. Mosok sampeyan gak ngerti
Abahku?”
Minggu esuk kuwi jupitere Roni dipretheli. Sakabehane mesin-mesin lan
kalistrikane ditata siji mbaka siji. Kabilatore sing maune orisinil diganti
nganggo merk Keihin PJ, supaya nalikane sepedhah mau mlayune dadi
sakbanter-bantere tur ora mbeler.
Knalpote diganti merk Cakra,
sekere diganti merk Izumi, klepe diganti merk Sonic, pengapiane diganti YZ 125,
CDI-ne diganti merk Rektor, lan Coile diganti YZ 125. Sakabehe mau ditandangi
dening para karyawane Cak Man kanthi prigel lan teliti murih merkoleh asil sing
tepak kaya kang dikarepake Roni.
“Wis mari Ron sepedhahmu, jajalen kurang piye. Mungguhku sepedhahmu iki wis
apik. Mesine saiki ora gampang panas, kuwat, pembakarane apik, efisien tur arus
strume uga pas karo daya kakuwatan mesine.”
Sakamarine dimodif dening para karyawane Cak Man, Roni langsung menyat bali
neng omah. Saprelu menehi weruh Abahe. Emane tekan omah dudu aleman apa dene
tetembungan sing bisa nambahi atine bombong, jebul malah didukani dening Abahe.
“Le, karepmu iki piye? Abah numbasake sepedhah kuwi ora dinggo urakan kaya
ngene iki. Cukup dinggo piranti trasportasimu wae bares, lha dadak kaya ngene
iki?” panyarune Abahe Roni.
“Bah, pun ta didukani terus. Aku wis gedhe Bah, pun saged mikir piyambak. Mosok
mbungahake putra mung siji kaya aku ngeten mboten saged,” wangsulane Roni.
“Lho ora kok masalah bungah utawa seneng. Iki ngrembug keslametane awakmu
ngger. Apa mbok kira balapan kuwi gampang? Kae lo sawangen Karjo, anake Pak RT
saiki kaya wong edan, awit tangan lan sikile padha pepes. Ora payu rabi.”
“Bah, panjenengan percados mawon kalih kula. Aku mboten bakal mati, menawi pun
wancine mati rak nggih mati. Kenging menapa ajrih kalih mati. Saben tiyang rak
bakale mati.”
“Lambemu!” Abahe Roni nyaut ujare Roni sing dirasa wis keladuk nggone umatur,
bebarengan karo tangane Abah napuk lambene Roni. Saknalika, pasuryane Abah dadi
kaya srengenge sing semburat kaya srengenge arepe mijil saka brang wetan, abang
mbranang kaya wawa.
“Awakmu modif sepedhah kae entek pira?” pandangune Abah.
“Kathah Bah, telulas yuta.”
“Heh!!! Telulas yuta!? Dhuwit teka endi le sing arep mbok ngge nalangi kabeh?”
Ngerti Abahe lagi duka, Roni mung dingkluk.
“Ron, Abahmu iki dudu bank. Mbok ya mikir. Wis takkandhani sing pungkasan, yen
kowe isih manut omongane Abah, sepedhahmu kae balekna kaya sadurunge. Yen isih
ngotot manut kakarepanmu, ya sakarepmu. Aku pilih ra duwe anak sing duraka
marang wong tuwa kaya ngono kuwi,” saking dukane, ora krasa nggone ngandhani
nganti kabablasen.
“Pak niki sing pungkasan pak, mantun ngeten kula mboten badhe balapan malih. Aku
budhal pak...” ora kakeyan wangsulan, Roni menyat saka omah mau. Budhal menyang
pantai Kenjeran.
“Bah, kae lho... anakmu budhal maneh. Mbok ya aja kereng-kereng ta pak, kudune
njenengan rada sabar thithik. Tak celuke ya,” larune Ibune Roni.
“Ora prelu Bu! Ben sakarepe kana, ngko lek krasa luwe rak mulih.”
Sesuke watara jam lima esuk, dumadakan ana rame-rame ing ngarep omahe Roni.
Saweneh ana pak Lurah, Modin, Pak RT uga para pendhudhuk sakiwa tengen. Mara
marani Abah Jukri. Ning, tekane para pendhudhuk mau bebarengan karo ambulan
sing njerone ana mayit sing isih anget. Isih kembloh getih seger. Ora liya ya
mayite si Roni.
Abah Jukri gumregah nuju satengahe rame-rame mau, banjur kanthi alon-alon
dheweke mbuka kain putih sing dinggo nutupi mayit mau. Kain mori sing kudune
rupane putih iku dadi kaya gendera. Driji-drijine sing kaya kepatri, kaku, tur
iwuh nggone mbuka kain mau. Sakala iku, ketara rambut lurus dlomohan getih. Ing
pilingane ana andheng-andheng sing nyata-nyata dadi tetenger wajahe Roni. Ibune
Roni melu nyekseni kedadeyan mau, lan nalika wajah bocah sing dadi kekudangane
sabendina mau katon tanpa nyawa, dheweke langsung njerit.
“Roni!!! Awakmu durung wayahe mati nak... meleka ngger, meleka!!!”
Kanthi rikat, bocah sing lagi turu nganti saklawase mau dirangkul, diambung,
dielus-elus, lan ditangisi dening ibune Roni. Luhe sing netes kaya udan deres
kacampur karo swara tangis sing miris ati. Durung mingkem lambene Nurhayati
lehe ngrembug kepriye amrih dadi lan apike anak lanange. Anak siji, anak
kesayangan. Nanging masiya ditangisi sedina sewengi, apa dene sataun nyawane
Roni ora bakal bali.
“Buk! Buk! Nyebut buk! Ealah, sampek kagawa ngipi ngono. Sampeyan ngipi apa buk?”
keprungu jeritane ibune Roni, Abah jukri langsung nyendhali tangan lan nyableki
pundhake Nurhayati kareben tangi.
“Sampeyan ngipi apa sampek njerit-njerit kaya ngene he?” takone Abah.
“Aku ngipi Roni mati pak, esuk iki dheweke digawa ambulan mara neng omah,”
Tengah wengi iku, Abah jukri lan nurhayati padha-padha ngrasakna was sumelang
ngenani kahanane Roni.
“Nyapo Ron, awakmu ketokane kok gak enak awak ngono,” takone Karjo marang Roni.
“Gak To, aku mung ngrasa gak enak wae wengi iki. Ora merga aku wedi kalah, tapi
budhalku mrene mau ora oleh pangestune Abahku,” jawabe Roni.
“Alah ora masalah Ron, apa mbok kira saka saakehe bocah enom sing neng kene iki
kabeh oleh pangestu saka wong tuwane? Gak Ron!?”
“Lhoh gak ngono To, biasane yen aku diwenehi ijin karo wong tuwaku nalka pamit
dolan, nggonku balapan mesthi ora tahu kalah. Lha wengi iki rasane seje, kaya
ana sing kurang,” sambate Roni.
“Ron-ron, aja kakean alasan paa, awake dhewe ngene iki ya merga salahe wong
tuwane awake dhewe. Rata-rata bocah sing kulina mrene iki bocah broken home.
Padha-padha ora oleh perhatian sing cukup. Wong tuwaku wae yen kadhung kerja,
padha-padha nglalekna aku. E...aku iki wis mangan ta durung, turuku nengdi,
dolanku iki nengdi? Gak eruh Ron! Kadhung mumet karo urusan kantore
dhewe-dhewe. Wis ta lah, ngko sakmarine awakmu menang, asile gawenen tuku
klambi apa nggo mbayari wragadmu ndandani sepedhahmu iki,” ujare Karjo.
Pancen apa sing dikandhakake Karjo mau ana benere, ing kono uga ana anake salah
siji anggota DPRD Sidoarjo, uga ana anake bos salah sijine perusahaan Masdion
sing mapan ing Surabaya. Kabeh mau mrene ora kok kanggo mbalela marang wong
tuwa, nanging nggolek papan sing ora ana aturan utawa paugeran sing gumathuk
kaya ing omah. Lan, padatane bovah broken home iku karo wong tuwane ora
diemong langsung, waton disangoni sing akeh supaya yen kepengin maem apa wae
neng dalan bisa keturutan. Kamangka wejangan utawa panyarune wong tuwa marang
anak iku wigati banget.
Pas jam loro esuk, sepedhah jupiter duweke Roni lan Vega duweke ParTo wis katon
siap-siap dibudhalake. Dawane dalan sing dadi rute iku kurang luwih 200 meter,
ing garis finish ana sawijining wong sing dadi juri. Dene start utawa budhale
sepedhah loro mau kathi aba-aba saka bocah wadon sing ngadeg ing tengah-tengah,
kanthi ngumbul-ngumbulake kacu ing tangane. Banjur kacu mau diceblokake, bareng
karo cebloke kacu mau, sepedhahe Roni lan Darko menyat rikat kaya thathit.
Dhuerrr....plas.
Roni maspadakake pandulune ing dalan sangarepe. Nalika mlebu perseneleng siji
lan loro, playune sepedhahe isih kalah karo playune Parto. Nanging nalikane
mlebu perseneleng telu lan papat kahanane dadi suwalike, sepedhahe Roni ana ing
ngarep kacek sakban. Nyawang kahanan ngono mau niyat alane Parto tuwuh,
piya-piye dheweke kudu dadi juwarane. Nalika lagi banter-bantere sepedhah ing
dalan, sikile Darko nendhang tengki bensine Roni, njur Roni tiba ndlosor. Gulung-gulung
ing pinggiran dalan. Sepedhahe mecethat nganti 20 meter, Roni melu keseret
playune sepedhahe dhewe. Mbuh ambegane teka sakmono apa isih cukup kanggo dina
sesuke. Sing ngerti mung Pengeran Kang agawe urip lan patine makhluke. (Panjebar Semangat, Edisi 10
tahun 2010)
Komentar
Posting Komentar