Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2017

GEGURITAN AKROSTIK

Basa Krama Dening Eko   Raharjo Basa kang adab Agawe adheme ati Sasat bisa ngluruhke duka Ambagusi basa iku wajib! Kadang lan sanak mratela ing pakurmatan Rinengganing basa tansah dijaga Adhi marang kakang abasa krama Mas apa dene rama tansah ngendika aris ngokone Apa sliramu kaya mangkono?                                                                         Surabaya, 2 Desember 2017  Ayo Ngguyu Dening Eko Raharjo awan iki panase nyuled sirah Yen dipindhaake kaya mangkono Ora krasa kringet nelesi kelek Ndilalah ana kucing kerah karo pitik Gereng-gereng rebutan upa gegere sampek keprungi saka walike bumi udur-uduran wiwit bang wetan mlethek tekan surup ya nyucuk ya nyakar ucap padune kaya wong lagi rebutan kursi                                                                         Bumi Kemesun, 4 Desember 2017   Sinau Rek   Dening : Eko Satengahing langit kang peteng lelimengan Igul-igul mosike lintang katon s