Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2010

SARIP TAMBAK OSO

Cerita rakyat iki nyeritakake pawongan sing aran Sarip, yaiku jaka umbaran putrane mbok randha sing manggen ing desa Tambak Oso. Sarip kondhang tusing ngrampok, begal, maling lan tusing mateni wong, nanging saka akehe korbane Sarip, prasasat sing dadi korbane yaiku para bangsawan sing sugih mblegedhu nanging nduweni sipat mlirit. Gak gelem aweh pitulungan marang liyan, tumrap sing lagi nandhang kasusahan. Kamangka jaman semana bangsa kita lagi diideg-ideg kabebasane dening Bangsa Walanda. Mula mungguh para bangsawan sing pelit lan para walanda, Sarip yaiku begal sing mbebayani, nanging yen mungguhe para kaum wong cilik Sarip mujudake pahlawan. Nuju sawijining dina Sarip mara neng omahe Pamane, aran Gus Ridwan. Saperlu nagih dhuwit singgo mbayar pajeg. Sebab, sawah duweke simboke sing nggarap Pamane sing manen ya Pamane nanging emane sing mbayar pajeg dudu Pamane Sarip kepara sing mbayari tetep Simboke Sarip. Kanthi rikat kaya manuk pikatan Sarip mlaku tumuju omahe Gus Ridwan. “Sa

satuhune tresna iku... (2)

dening eko raharjo Kaya umure manungsa kang winates dawaning tampar kang dipenthang nggo centhelan pemean dene ngisore ana baya kang awerna putih lan ireng nuli nggrogoti tampar mau sadetik, sakmenit, nganti sataun yen wis tekan titi wancine, bakal ceblok bakal kecemplung lan ditakoni saka limang panggenan, mula wangulana: syahadat yen mijil saka dhuwur, solat yen mijil saka ngarep zakat yen mijil saka mburimu, pasa yen mijil saka tengenmu, dene haji yen mijil saka kiwamu. ora ana salahe ngangen-angen satuhune tresna iku apa... nanging sing luwih wigati kepriye carane nambahi rasa tresna marang dzat kang agawe katresnan, yaiku kanthi mangsuli limang perkara mau. Bumi Jabon, 22 agustus 2009

Kanggo urip nganggo urip

dening : eko raharjo. nate mbeset sajrone pikir sepira rekasane ngonceki kulite bawana kaya dene kang dilakoni rama blakane dudu kringet asin kang mblabar aneng jerune samudra kauripan nanging lugune sasmita kang isih dadi misteri duhkitane rama… arang dirasa sapa ngira pawitane nyawa mula ta awan lan wengi dadi batangane awit regane nyawa ora padha. tumempele rasa mangon ing segara ombake nggulung pulunge arta angin lan mega atur-atur marang rama murih eseme katon nyata rama… esemu dak antu nganti enteke prau ngangsu pandulu Segara Boyan, 26 Oktober 2008