Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2010

cerkak 1&2

Jajan Pasar lan Ondhe-Ondhe Isi Coklat Khas Mojokerto Mbak Ayu Dening : Eko Raharjo Nate mbeset ing pikirku, “apa aku besuk oleh jodhoh sing ayu?” samangsa isih lungguh neng bangku SMP, aku wis mikir kaya mangkono. Awit pakulitanku ireng, awake cilik, lan kuru. Kaya dene ting listrik sing kulina ditempleki reklame “sedhot WC” utawa “Badhut Lucu” hubungi (031) 77308xxx kae. Apa maneh yen aku wis nuduhake esemanku, cling! Wong sing ana ing sandhingku mesthi langsung melu mesem. Mbuh mesem ngenyek apa mesem seneng. Sing jelas esemane mau amarga ngenyek. Nanging kahanan sing daklakoni saiki kaya-kaya ora kena dinalar. Aku duwe sisihan sing ayu, njaba jero. Kanggoku iku mau hidayah, tapi jare kanca-kanca, mungguhe bojoku iku mau musibah. Babahna...wong liya isane mung syirik. Ceritane nalikane aku isih sekolah ing SMK (sekolah menengah kejuruan), aku melu tandhing Tae Kwondo. Tingkat SMA lan SMK saJawa-Bali. Kari sacuwil Ki, nggo Arra ya.. Dening: Eko Raharjo Kabar ngenani lamarane Surya wi