cerkak 1&2

Jajan Pasar lan Ondhe-Ondhe Isi Coklat Khas Mojokerto Mbak Ayu
Dening : Eko Raharjo
Nate mbeset ing pikirku, “apa aku besuk oleh jodhoh sing ayu?” samangsa isih lungguh neng bangku SMP, aku wis mikir kaya mangkono. Awit pakulitanku ireng, awake cilik, lan kuru. Kaya dene ting listrik sing kulina ditempleki reklame “sedhot WC” utawa “Badhut Lucu” hubungi (031) 77308xxx kae. Apa maneh yen aku wis nuduhake esemanku, cling! Wong sing ana ing sandhingku mesthi langsung melu mesem. Mbuh mesem ngenyek apa mesem seneng. Sing jelas esemane mau amarga ngenyek. Nanging kahanan sing daklakoni saiki kaya-kaya ora kena dinalar. Aku duwe sisihan sing ayu, njaba jero.
Kanggoku iku mau hidayah, tapi jare kanca-kanca, mungguhe bojoku iku mau musibah. Babahna...wong liya isane mung syirik.

Ceritane nalikane aku isih sekolah ing SMK (sekolah menengah kejuruan), aku melu tandhing Tae Kwondo. Tingkat SMA lan SMK saJawa-Bali.

Kari sacuwil Ki, nggo Arra ya..
Dening: Eko Raharjo

Kabar ngenani lamarane Surya wis sumebyar. Ulem-ulem sing dipesen saka tukang sablon ing desane wis dadi. Cacahe 2500 undhangan sing bakal nampa. Kari milih diketik neng komputer apa mung waton ditulis tangan wae. Jroning angen-angen, dhosen-dhosen sing nate menehi gladhen basa Jawa samangsa kuliah bakal nampa layang uleme luwih dhisik. Banjur yen para dhosen wis nampa, kanca-kancane bakal diwenehi. Wangune layang iku mau katon nyentrik, necing, jarene bocah nom-noman jaman saiki. Rupane abang semu kuning, kaya dene rupane kembang mawar sing arep mekar, sinorotan srengenge parak isuk. Ana pita putih, kang mratandhani rasa tulus kang suci sing dadi pangiket layang iku mau. Katon endah.


kabeh iku bisa kapundhut ing kene

Komentar

Postingan populer dari blog ini