GATHUTKACA LAIR




GATHUTKACA LAIR

Sawijining dina, Raden Werkudara, Prabu Kresna, lan satriya Pringgodani nyoba medhot tali puser anake Werkudara  kang aran Jabang Tutuka. Ning sakehe gamane para satria, kalebu gamane Prabu Kresna Cakrabaswara ora bisa medhot tali pusere Jabang Tutuka. Mula saka pituduhe Hyang Akarya Jagad, Raden Arjuna diutus dening Prabu Kresna supaya menyang kayangan, saperlu nyilih gaman Kunto Wijayandanu  kagungane Bathara Guru.
Lakune Raden Arjuna ora lancar. Jebule, gaman kang aran Kunta Wijayandanu kedhisikan digawa Raden Karna. Banjur Raden Arjuna marani Raden Karna, kang ora liya saktemene isih sedulure dhewe saka ibu Kunthi, ning Raden Arjuna ora mangerteni.
Raden Arjuna meksa gaman utawa pusaka iku kudu diwenehke, ning Raden Karna ora gelem nuruti karepe. Wekase, raden Arjuna perang tandhing lawan Raden Karna. Raden Arjuna ngetokake sakabehe kanuragan, lan kawasisane babagan ilmu kanuragan kanggo ngalahake Raden Karna. Geni kang muncrat saka pusakane kakarone kaya kilat, swarane pedhang lan bengok swarane satriya loro prasasat bisa agawe horoge jagad. Ning emane, Raden Arjuna jebul ora bisa menangake perang tandhing iku.
            “Wis, wis! Arjuna! wis! aja diteruske, mung atase pusaka iki, mosok kowe arep adol nyawamu?” ature Raden Karna.
            “Ngertiya Raden Karna, gaman pusaka iku penting kanggoku, amarga tali pusere ponakanku si Jabang Tutuka, ora bisa dipedhot nganggo gaman apa wae. Kang bisa medhot, ya mung gaman iku.”
            “Yen mangkono, aku mung bisa menehi warangkane, nyoh tampanana,” sabanjure menehake warangka Kunta Wijayandanu, banjur Raden Karna mlayu kepas kaya angin.
            Satekane Pringgodani,  Raden Arjuna ngaturake warangka Kunta Wijayandanu marang Prabu Kresna. Dening Prabu Kresna, warangka mau dicoba kanggo medhot tali pusere Jabang Tutuka. Jebul, mung nganggo warangka, tali pusere bisa pedhot. Jabang Tutuka digawa menyang kayangan Dening Prabu Kresna, Jabang Tutuka diutus merangi Naga Percona, emane Jabang Tutuka kalah lan nekani pati. Ning amarga welase Bathara Guru, Jabang Tutuka diuripke maneh kanthi sarat dicemplungake ing kawah Candradimuka. Nalika Jabang Tutuka ana ing njero kawah, saakehe gaman pusakane satria lan dewa kayangan pada bebarengan meu dicemplungake. Mula nalika mentas saka kawah iku, Jabang Tutuka malih rupa kaya satriya kang gagah prakasa lan antuk juluk anyar yaiku Gathotkaca.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN AKROSTIK