GATHUTKACA LAIR
GATHUTKACA LAIR Sawijining dina, Raden Werkudara, Prabu Kresna, lan satriya Pringgodani nyoba medhot tali puser anake Werkudara kang aran Jabang Tutuka . Ning sakehe gamane para satria, kalebu gamane Prabu Kresna Cakrabaswara ora bisa medhot tali pusere Jabang Tutuka. Mula saka pituduh e Hyang Akarya Jagad, Raden Arjuna diutus dening Prabu Kresna supaya menyang kayangan, saperlu nyilih gaman Kunto Wijayandanu kagungane Bathara Guru. Lakune Raden Arjuna ora lancar. Jebule, gaman kang aran Kunta Wijayandanu kedhisikan digawa Raden Karna. Banjur Raden Arjuna marani Raden Karna, kang ora liya saktemene isih sedulure dhewe saka ibu Kunthi, ning Raden Arjuna ora mangerteni. Raden Arjuna meksa gaman utawa pusaka iku kudu diwenehke, ning Raden Karna ora gelem nuruti karepe. Wekase, raden Arjuna perang tandhing lawan Raden Karna. Raden Arjuna ngetokake sakabehe kanuragan, lan kawasisane babagan ilmu kanuragan kanggo ngalahake Raden Karna. Geni kang muncrat saka pusaka