SARIP TAMBAK OSO

Cerita rakyat iki nyeritakake pawongan sing aran Sarip, yaiku jaka umbaran putrane mbok randha sing manggen ing desa Tambak Oso. Sarip kondhang tusing ngrampok, begal, maling lan tusing mateni wong, nanging saka akehe korbane Sarip, prasasat sing dadi korbane yaiku para bangsawan sing sugih mblegedhu nanging nduweni sipat mlirit. Gak gelem aweh pitulungan marang liyan, tumrap sing lagi nandhang kasusahan. Kamangka jaman semana bangsa kita lagi diideg-ideg kabebasane dening Bangsa Walanda. Mula mungguh para bangsawan sing pelit lan para walanda, Sarip yaiku begal sing mbebayani, nanging yen mungguhe para kaum wong cilik Sarip mujudake pahlawan.
Nuju sawijining dina Sarip mara neng omahe Pamane, aran Gus Ridwan. Saperlu nagih dhuwit singgo mbayar pajeg. Sebab, sawah duweke simboke sing nggarap Pamane sing manen ya Pamane nanging emane sing mbayar pajeg dudu Pamane Sarip kepara sing mbayari tetep Simboke Sarip. Kanthi rikat kaya manuk pikatan Sarip mlaku tumuju omahe Gus Ridwan.
“Sapa kae, ledhang-ledhong saka kadohan Dik?” Ujare Gus Ridwan marang sisihane.
“Ealah Cak! Cak! Ika ta? Ika lak Sarip sih... ya ponakanmu dhewe, mosok lali?” saute Ning Saripah.
“Kula nuwun! Kula nuwun!” uluke Sarip.
Kanthi sendhen ing kursi goyang, sinambi ngudut mbako, Gus Ridwan mangsuli uluke Sarip. Sarip disumanggakne lungguh ing kursi tamu. Jejer karo lungguhe Gus Ridwwan.
“Ana perlu apa Rip,” takone Gus Ridwan.
“Dolan Man,” saute Sarip.
“Ya ngono Pamane ki disambangi, aja lehmu kluyurane digedhekne...,” semantane Gus Ridwan.
“Lhah aja ngono Man, sepisan mreneku iki pengin weruh kaya apa kabare rika. Kaping lorone aku nduweni pitakonan marang rika, lan ka...” ujare Sarip kepenggel saute Gus Ridwan.
“Rip, suwun aku lan sak Ningmu disambangi. Lan maneh, kabeh ya padha sehat. Tapi sajakane kok wigati temen ngono.. ki lho rokok! Nyoh uduten dhisik”
Rokok teng-we klobotan kulit jagung diuncalne neng meja sandhinge Sarip. Saknalika rokok mau dijupuk. Nanging Gus Ridwan pancen sengaja gak menehake korekan.
“Ya Man suwun udute, tapi endi Man korekane?”
“Ha ha ha ha ha!”Rip...Rip... koen iku, wis rokok gak gableg korekan ya gak gableg. Apa sing koduweni, mulane isih enom mbok sing mempeng lehmu ngupadaya. Aja mung ngrampok, mbegal, maling lan mateni wong ae. Ngisin-ngisini kaluwarga.”
“Man, aja ngono Man. Aku ngrampog, aku maling, aku mbegal iku dudu singgo aku dhewe. Olehku ngrampog mau tak dum-dumne marang wong cilik Man. Sik ta lah Man, lehku ngomong mau durung tutug. Man aku pengin takon. Sawah mburine kuburan kae sawahe sapa Man?”
Nyawang pitakone Sarip kaya mangkono, Gus Ridwan nglereni olehe ngudud lan nuli nyeceg rokok mau ing asbak. Banjur ngadeg mlaku tumuju ing bale.
“Sawah mburi kuburan kae ta? Iku ya sawahe mbokmu Rip.”
Gus Ridwan ngaku menawa sawahe Simboke Sarip iku sing nggarap ya dheweke, sing manen ya dheweke lan sing mbayar pajeg mungguh dheweke ya Simboke Sarip. Sebab sawah mau duweke Simboke Sarip. Banjur, sawise keprungu wangsulane Gus Ridwan sing pungkasan, Sarip rumangsa digorohi, rumangsa diplokotho. Cekake cerita, wong loro mau adu bener bab sapa sing kuwajiban mbayar pajeg.
“Rip, koen gak eling ta? Bapakmu lara nganti sak patine biyen sing golek tamba lan sakandhahane nganti tekan patine kae sapa? Aku Rip!” selake Gus Ridwan.
“Man, jebul rika takeman angel. Mbokku kae wong bodho, ngalahan, aja mbok gorohi kaya ngono ta Man. Aku anake gak lila. Ngene ae man, mbuh piye carane rika kudu sing mbayari Man. Nek rika gak gelem, aja pisan-pisan wani urip tentrem Man.” Ujare Sarip negesi gagasane, njur dheweke menyat ngalih tanpa pamit.
Keprungu ujare Sarip sing dirasa ngancam nyawane Gus Ridwan, nuli dheweke ngundang momongane, ya rewange sing dadi pekathike saperlu lapgakn marang lurah Gedhangan. Ing kana pekathik mau ketemu karo lurah Gedhangan aran Lurah Bargowo lan carike Abilowo.
Lurah Bargowo lan carike budhal marani Sarip neng ngomahe, emane gak bisa methuki Sarip sebab sing ana mung Simboke Sarip. Mangkel amarga gak ketemu Sarip, mula Lurah mau ngajar Simboke Sarip nganti kesungkur-sungkur ing bale. Omah sakisine digakt-arit, banjur bali menyang gedhangan. Nalika simboke lagi nangis misek-misek, nuli Sarip teka. Nyawang simboke gotrah rah, Sarip banjur budhal nyusul lungane Lurah Gedhangan. Tekan dalan sacedhake pasar, Sarip kelakon ganti ngajar lurah mau nganti tekan patine, emane Carik Abilowo bisa mlayu nylametne awake dhewe.
Sarip gak nguber playone Carik mau, kamangka playune mau arep lapgakn marang mantri polisi Walanda. Banjur para Polisi mau mapag lakune Sarip ing warung sing kulina dadi panggonane Sarip cangkrukan. Gak dinyono ing kono wis ana mayit sing gumlethak ing warung, gak liya Paidi. Paidi iku gak liya yaiku pekathike Gus Ridwan. Loro-lorone iku sawijining jagoan. Sarip jagoan etan kali, dene paidi jagoan kulon kali. Amarga kasektene Sarip ngungguli kasektene Paidi, mula Paidi bisa dikalahake kanthi gampang. Kamangka Sarip sakdurunge kelakon di tunjep “jagang baceman”, nanging amarga kaprigelane Sarip, Paidi ganti kewales lawan aji pamungkase Sarip.
Gak kakean sranta, para polisi padha mbledhosne bedhil tumuju dhadhane Sarip sing lagi lungguh leyeh-leyeh. Dor! Dor! Thar! Thar! Sarip kelakon ketembak, jungkur ing lemah, getihe dleder. Mblambang kaya banyu ing plembang. Saka adohan, Simboke Sarip krasa menawa nyawane anake lagi kasangsaya, sanalika simboke Sarip njerit-njerit ngundang jenenge anake, “Sarip...! Sarip...! Sarip...!” Amarga laku kanuragane Sarip sing anduweni kaluwihan, menawa dheweke mati dudu amarga sebabe Pengeran, mula saknalika Sarip bisa urip maneh. Tangi lan mbales serangane para polisi mau, nganti para polisi mau kelakon kesabet pedhang sing kulina digembol Sarip. Saka akehe polisi mau, sakabehe nekani patine dhewe-dhewe. Njur Sarip mlayu tumuju ing alas saperlu nglereni awake sing kekeselen olehe gelut perang tandhing lawan Paidi lan para mantri Polisi Walanda mau.
Warta matine para mantri polisi mau keprungu dening Gus Ridwan. Gus Ridwan nuli ngandhani Jendral Walanda menawa pawongan sing ngerti pengapesane Sarip iku mung cacake. Mula Gus Ridwan lapor marang mantri Jenderal walanda sing kapatah dadi pimpinan ing dhaerah kono. Para mantri polisi lan Jendral mau mara neng omahe Cak Mualim. Cak Mualim diwenehi pilihan, menawa dheweke pilih ngeman nyawa simboke utawa ngeman nyawa dheweke lan sakluwarga, apa pilih ngeman nyawane Sarip. Jebul dheweke luwih ngeman nyawane simbok lan sakaluwargane, mula dheweke nuduhake pengapesane Sarip, yaiku kudu ditembak kanthi bedhil sing diisi peluru emas. Sanadyan disambati dening Simboke Sarip, dheweke gak bakal bisa urip maneh.
Cekake cerita, Simboke Sarip disandra ing kerangkenge tangsi Walanda. Sarip dipeksa kudu nylametake nyawane simboke.
“Heh! Walanda asu! Dhasar bajingan koen kabeh, culna Simbokku! Yen gak mbok culne sirahmu bakal takglundhungne neng lemah kene!”
Ing tangsi Walanda mau, Sarip nemoni Gus Ridwan lan Cak Mualim padha lungguh neng sandhinge Jendral Walanda mau. Dheweke krasa yen sakabehane iki pancen wis diangkah dening Cacake. Rasa mangkele kaya-kaya mumbul nganti sundhul langit. Getem-getem. Praupane kaya buto galak sing nggereng-nggereng nalika jenggote kobong.
Gak kakean sranta, para Walanda padha nembaki Sarip kanthi peluru emase. Sak nalika Sarip langsung mlayu kanthi laku kasimpar-simpir kaya layangan pedhot, kleyang-kleyong tanpa ancas paran sing cetha. Para Walanda langsung nguber parane Sarip kanthi nurut getih sing ketes-ketes ing dalan sing diliwati Sarip.
Sakdurunge Sarip mati, dheweke isih kober ngudal ukara, “Heh para Walanda! Nadyan dina iki Sarip mati, tapi gak dadi ngapa. Sebab bakal cukul Sarip-Sarip kaya aku iki ing lemah Nusantara iki.... Akh...!!!”. Wiwit dina iku Sarip mati.

Komentar

Postingan populer dari blog ini