Kanggo urip nganggo urip

dening : eko raharjo.

nate mbeset sajrone pikir
sepira rekasane ngonceki kulite bawana
kaya dene kang dilakoni rama
blakane dudu kringet asin kang mblabar
aneng jerune samudra kauripan
nanging lugune sasmita kang isih dadi misteri

duhkitane rama…
arang dirasa

sapa ngira pawitane nyawa
mula ta awan lan wengi dadi batangane
awit regane nyawa ora padha.

tumempele rasa mangon ing segara
ombake nggulung pulunge arta
angin lan mega atur-atur marang rama
murih eseme katon nyata

rama…
esemu dak antu
nganti enteke prau ngangsu pandulu



Segara Boyan, 26 Oktober 2008

Komentar

Postingan populer dari blog ini