satuhune tresna iku... (2)

dening eko raharjo


Kaya umure manungsa
kang winates dawaning tampar
kang dipenthang nggo centhelan pemean
dene ngisore ana baya
kang awerna putih lan ireng
nuli nggrogoti tampar mau
sadetik, sakmenit, nganti sataun

yen wis tekan titi wancine, bakal ceblok
bakal kecemplung lan ditakoni saka limang panggenan,
mula wangulana:
syahadat yen mijil saka dhuwur, solat yen mijil saka ngarep
zakat yen mijil saka mburimu, pasa yen mijil saka tengenmu, dene haji yen mijil saka kiwamu.

ora ana salahe
ngangen-angen satuhune tresna iku apa...
nanging sing luwih wigati
kepriye carane nambahi rasa tresna
marang dzat kang agawe katresnan,
yaiku kanthi mangsuli limang perkara mau.



Bumi Jabon, 22 agustus 2009

Komentar

Postingan populer dari blog ini