Postingan

GEGURITAN AKROSTIK

Basa Krama Dening Eko   Raharjo Basa kang adab Agawe adheme ati Sasat bisa ngluruhke duka Ambagusi basa iku wajib! Kadang lan sanak mratela ing pakurmatan Rinengganing basa tansah dijaga Adhi marang kakang abasa krama Mas apa dene rama tansah ngendika aris ngokone Apa sliramu kaya mangkono?                                                                         Surabaya, 2 Desember 2017  Ayo Ngguyu Dening Eko Raharjo awan iki panase nyuled sirah Yen dipindhaake kaya mangkono Ora krasa kringet nelesi kelek Ndilalah ana kucing kerah karo pitik Gereng-gereng rebutan upa gegere sampek keprungi saka walike bumi udur-uduran wiwit bang wetan mlethek tekan surup ya nyucuk ya nyakar ucap padune kaya wong lagi rebutan kursi                                                                         Bumi Kemesun, 4 Desember 2017   Sinau Rek   Dening : Eko Satengahing langit kang peteng lelimengan Igul-igul mosike lintang katon s

GATHUTKACA LAIR

Gambar
GATHUTKACA LAIR Sawijining dina, Raden Werkudara, Prabu Kresna, lan satriya Pringgodani nyoba medhot tali puser anake Werkudara   kang aran Jabang Tutuka . Ning sakehe gamane para satria, kalebu gamane Prabu Kresna Cakrabaswara ora bisa medhot tali pusere Jabang Tutuka. Mula saka pituduh e Hyang Akarya Jagad, Raden Arjuna diutus dening Prabu Kresna supaya menyang kayangan, saperlu nyilih gaman Kunto Wijayandanu   kagungane Bathara Guru. Lakune Raden Arjuna ora lancar. Jebule, gaman kang aran Kunta Wijayandanu kedhisikan digawa Raden Karna. Banjur Raden Arjuna marani Raden Karna, kang ora liya saktemene isih sedulure dhewe saka ibu Kunthi, ning Raden Arjuna ora mangerteni. Raden Arjuna meksa gaman utawa pusaka iku kudu diwenehke, ning Raden Karna ora gelem nuruti karepe. Wekase, raden Arjuna perang tandhing lawan Raden Karna. Raden Arjuna ngetokake sakabehe kanuragan, lan kawasisane babagan ilmu kanuragan kanggo ngalahake Raden Karna. Geni kang muncrat saka pusaka

roni si jago drag

Gambar
Roni Si Jago Drag Dening Eko Raharjo Ora ana wong sing bisa ngandheg lakune Roni. Sadalan-dalan, mung mamerake swara knalpote sing bantere ngalahake swarane gludhug. Dhuer...dhuer.... sirahe gela-gelo, sinambi ngrungokake lagune S.I.D. (Superman Is Dead) karo ngudut Marlboro. Ujare ing ati, “Iki uripku, arep nyapo wae rak urusanku dhewe!”. Sakeplasan, sepedha motor khusus drag bike Roni dadi tontonan wong sing diliwati.             Durung kapok. Babar pisan dheweke ora kepengin mareni tumindake sing wis meh mbandhang nyawane. Ceritane nalika isih SMA kelas loro, amarga dheweke dipedhot saka yayange, saben wengi penggaweyane mung turut dalan pinggiran kutha Surabaya nganti tekan pantai Kenjeran. Ing kono ana sawijining padatan sing aneh  miturut Roni. Padatan sing bisa njubulake adrenalin , yaiku kanthi cara adu sepedha motor, kanthi sebutan “drag bike”.  Mungguhe bocah enom saiki, tembung iki ora aneh nanging yen mungguhe para sesepuh utawa wong sing wis umur watara patan